Mungkin sebagian dari kalian udah ngga asing lagi sama yang namanya Tembung Entar..
~~~~~
Tembung Entar adalah Tembung silihan/kata pinjaman(kiasan).Contone (contohnya) :
01. Adol gawe = Ngatonake pegaweyane.
02. Adol kringet = Nyambut gawe.
03. Cilik ati = Maras.
04. Dawa tangane = Seneng nyolong.
05. Entheng tangane = Tangane plak-plek.
06. Gede atine = Bombong/seneng.
07. Gede ndase = Sombong.
08. Gede tekade = Ora gampang pasrah.
09. Jembar segarane = Sugih pangangpura.
10. Kelepetan ala = Kegawa ala/melu ala.
11. Lobok atine = Sabar.
12. Lunyu iate = Mancla mencle.
13. Lurus lakune = Jujur.
14. Manis eseme = Sumeh/murah senyum.
15. Mata dhuwitan = Srakah marang dhuwit.
16. Mbalang liring = Nglirik.
17. Ngabangke kuping = Gawe nesu/gawe kesuh.
18. Ngangsu kawruh = Sekolah/merguru/nggolek ngelmu.
19. Nggedhekake puluk = Serakah.
20. Ngrengga praja = Njaga negara.
21. Panas atine = Nesu banget/kesuh banget.
22. Papan kangkiwo = Panggonan sing ora tau kanggo.
23. Pingget atine = Luka ati/lara ati.
24. Puput yuswa = Mati/seda.
25. Rai gedheg = Ora due isin.
26. Thukul pikire = Nduwe akal.
27. Tipis lambene = Crewet.
28. Udan tangis = Akeh sing pada nangisi.
29. Wedi getih = Ora wani.
30. Weteng karet = Panganane akeh.